Blilu Tau Pinter Durung
Nglakoni
Mas
Karim mono sawijining kanoman ing Desa Karangsari. Asma jangkepe Karim
Amrullah, putrane Pak Zamhuri, juragan mebel lan prabotan omah ing laladan
kono. Mas Karim mono sanadyan kalebu nonoman desa, ewa samono dheweke duwe
gelar sarjana S2, yakuwi Magister Manajemen (M.M). Dadi arepa kepriye bae, Mas
Karim mono klebu wong kang kasinungan kawruh jembar, utamane babagan manajemen.
Pak Zamhuri nggadhang dheweke kanthi disekolahake dhuwur, supaya bisa nggenteni
lan ngrembakake usaha mebele ing besuk mula. Juragan mebel Zamhuri kepengin
supaya anak turune duwe ngelmu utawa kawruh sing jembar, aja ming trima tamatan
sekolah dhasar kaya dheweke.
Kahanan sing kaya
mangkono, ndadekake Mas Karim rada kemlungkung. Dupeh duwe gelar sarjana,
rumangsa kalungguhane luwih onjo tinimbang sapa bae ing desa kono, sing racake
mung tamatan sekolah dhasar. Saben ditakoni wong liya sing drajate luwih asor,
dheweke suthik wangsulan. Ngendir-ngendirake kapinterane, dupeh putrane juragan
sugih. Kahanan sing kaya ngono kuwi, uga wus dimangerteni dening Pak Zamhuri. Marang
para andhahane, Pak Zamhuri asring nyuwunake pangapura, sebab pakartine anake
sing kerep “mara ati”. Aja ming sadrajat andhahan bae, ingatase karo bapake Mas
Karim uga asring “nyenggol rasa”. Satemah ndadekake serik manahe bapake.
Sawijining dina Pak
Zamhuri gerah, nganti mlebu ing omah sakit. Toko dol-tinuku prabotan omah
dipasrahake anake, supaya dikemonah kanthi becik. Mas Karim bungah kaya
kajugrugan kembang, ingatase pangarep-arep sing wus suwe dijangka, lagi bae
klakon bareng bapake gerah. Dheweke rumangsa yen toko Zamhuri Mebel bakal luwih
laris maneh yen dheweke sing nyekel. Arepa kepriye bae bapake mung tamatan
sekolah dhasar, ora bakal mudheng bab manajemen dana. Mangkono panggraitane Mas
Karim marang bapake, sing isih gumlethak ing omah sakit.
“Mas Karim, mebel
ngaten niki sepasang pinten nggih?” Pitakone Mad Abdullah, pensiyunan guru
nalika sesanja menyang toko mebele Pak Zamhuri.
“Selangkung kemawon,
pak. Mangga, badhe ngersakaken napa?” Wangsulane Mas Karim marang Mad Abdullah.
“Ah, larang banget mas?
Biyen kae bapake sampeyan ngendika nek rega mentahane mung sayuta! Geneya kok
dadi mundhak akeh banget?”
“Lah menawi bapak niku
dereng kapetang kaliyan sedayanipun. Kalih yuta gangsal atus niki pun kumplit,
kula bekta wonten dalem panjenengan. Pripun?
“Ah mboten mas. Menawi
pareng, gek sayuta mas?”
Tan kocapa bareng
dagangane dinyang dening Mad Abdullah, Mas Karim muring-muring. Ngundhamana lan
ngunek-ngunekake Mad Abdullah kadidene wong tuku sing ora mikir. Ingatase apa
bae saiki larang, mebel antiq kok ming trima dinyang sayuta. Kahanan iki umyeg
lan dadi rerasan ing desa kono. Toko mebele Pak Zamhuri kondhang eleke.
Putrane, sing saiki nggenteni jaga, dianggep kurang semanak karo sapa bae. Satemah
para warga kiwa tengen kono padha emoh lan nyingkiri toko kasebut, kapinujon
arep tuku prabotan omah.
Bareng sawulan wus
lumaku, Pak Zamhuri, kondur saka omah sakit. Kahanane wus pulih ngasal kaya
wingi uni. Salirane katon seger lan saras maneh. Pak Zamhuri uga wus ngerti
kahanan tokone sajege dikemonah Mas Karim. Sawulan nutug, toko kuwi ora
mayokake prabotan apa bae. Malah dhuwit modhal sing sedyane kanggo ubengan,
gigis dening Mas Karim. Kahanan sing babar pisan ora nate dialami nalika toko
dikemonah Pak Zamhuri.
“Rim, Karim, mrenea!
Bapak kepengin ngomong karo kowe!” Ngendikane Pak Zamhuri marang Mas Karim ing
sawijining sore.
“Inggih pak, pripun?”
Wangsulane Mas Karim.
“Aku ngerti, sajege iki
kepriye tangkepmu marang liyan. Kowe tansah ngendir-ngendirake dumeh pinter,
ora ana sing bisa madhani, nganti bapakmu mbarang iki. Kowe rumangsa luwih
pinter tinimbang sapa bae. Kowe kemlungkung dupeh duwe kapinteran babagan
manajemen, angkahmu arep ngemonah toko iki kanthi becik. Parandene endi
nyatane? Endi kapinteranmu?”
“Inggih pak. Nyadhong
duka. Mila leres ngendikanipun bapak. Pranyata anggen kula kumendel njagikake
kapinteran kula punika cabar tanpa damel. Kula rumaos kuciwa lan getun, dene
kula mboten saged nglangkungi bapak ing kawegigan bab tata pangemonahipun toko
punika. Nyuwun pangapunten, bapak!” Matur mangkono, Mas Karim karo nyungkemi
pepangkone bapake. Dheweke rumangsa wus kaluputan, satemah atawang tangis.
“Iya wis ora dadi
ngapa, ngger! Iki sing diarani ‘blilu tau pinter durung nglakoni’. Sanadyan
pintermu bebasan bisa njara langit, ananging kowe isih kurang ing babagan
‘pengalaman’. Arepa bodho landhep dhengkul, ning bapakmu iki wus akeh mangan
uyah aseme urip. Bapakmu iki wus nate sinau kepriye pait getire wong laku
dagang. Dene kowe, sanadyan ngerti babagan manajemen, parandene isih kumencur
ing bab laku dagang. Sing bodho wus ngalami, ning sing pinter durung tau
ngrasakake!”
“Inggih pak, nyadhong
duka.”
Cuthel.
Liding Crita:
Pengalaman mono sawijing guru kang
paling apik. Wong bodho bisa luwih “pinter” tinimbang wong pinter, sebab wus
pengalaman. Kosok walik, wong pinter bisa luwih bodho tinimbang wong bodho,
sebab durung nate nglakoni. Blilu tau pinter durung nglakoni.
***
Banyumanik, 24 Agustus 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar