Rabu, 02 September 2015

Macapat Nitikadga



Agusta Prihantoro, Mahasiswa Pend. Sejarah, S1,
Universitas Negeri Semarang

“Ginita ing, pepucung purwaning atur,
ki pujangga nyandra,
ricikaning wilah keris,
sinengkalan, wasita rum masuh manah.

Kapantha ing, perangan cacah tetelu,
sor-soran purwanya,
lajengipun tengah kaki,
kudhup iku, kang minangka panutupnya.

Njegreg ngadeg, pinindha kang jalma iku,
wiwit saka sirah,
terus ing badan sayekti,
pepadane, sampun jangkep kadi jalma.

Wesi gilik, panjang jinabung ing hulu,
mlebu ing leng-lengan,
ya ing kono punjerneki,
pesi keris, lamun putung iya cacad.

Lamun pesi, pralambanging kang jejalu,
ganja benten nika,
wewujudan lambang putri,
sirah cecak, gulu meled buntut urang.

Gandhik niku, warna kalih kang saestu,
polos lan rinengga,
rinengga ricikaneki,
jalen jenggot, sekar kacang lambe gajah.

Sekar kacang, rerengganing wilah dhuwung,
mapan ing gandhiknya,
yeku wujude sayekti,
pogog bungkem, nggelung wayang nguku bima.

Wuntatira, ambles lebet lir cinerung,
arane pejetan,
blumbangan katelah ugi,
dadya kenceng panyepenging wilah dhuwung.

Lepen alit, munggwing wilah dhuwung niku,
winastan sogokan,
lan pejetan hanyawiji,
kekalihnya, pan wus gambuh asrinira.

Tumambuh kang cinatur,
rerengganing, wilah dhuwung wau,
ki pujangga, matur kanthi kebak aris,
goleka galihing kangkung,
dimen sira bisa nyonto.

Yekti sraweyan niku,
ing sogokan, wuntat papanipun,
ngandhap ganja, teras ilang tanpa lari,
nyawiji lan ratanipun,
wilah dhuwung ingkang katon.

Papanipun ing pungkur,
ya wadidang, iku wastanipun,
pan ing kono, mapan ricikan yekti,
greneng miwah sanesipun,
dadya resep yen katongton.

Aneniteni wangsul,
ingkang wonten ngajeng niku wau,
ing sogokan, ngandhap wonten tikel alis,
wiwit wiyar teras ciyut,
maweh greget ing pandulon.

Ada-ada puniku,
mapanipun,  tengah wilah dhuwung,
saka ngisor, tekeng kudhup anggeligir,
sami kalyan gusenipun,
kekalihnya tan pegat nggon.

Kang pinegat, ing sekarnya kang wus gambuh,
sanadyanta kathah taksih,
rerenggan dereng kasebut,
wit saka cumpening pikir,
ki pujangga purna nylemong.”


Sekaran, Sabtu Kliwon – Minggu Legi, 11-12 Januari 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar