Bumi Wutah Getihku
Dening Agusta Prihantoro
Muja
samadi maladi hening, nutupi babahan hawa nawa. Kang sajuga kaesthi muhung
palimarmaning bathara. Nut lakuning bajra herawana, liyep-layap ing aluyup,
pyak warana kang sinuksmaya ing asepi. Jangkrik tan ngerik, walang tan
nyalisik, titi tidhem prabawaning ratri. Rapal-rapal kinidung lir mantram suci,
asta sembah anjali, panyawang manther ngener pucaking grana.
Nalika
samana, sinarengan pambaunging srenggala, kasaru kumrosake kekayon. Lamat-lamat
swara pating jlerit weh prabawa nggegirisi. Gumuyu cekikikan, awor swara tangis
kalayung-layung. Miyak kukusing sendawa, nganan ngering, mak jleg ngejawantah
ratu ing Dhandhang Mangore, iya ing Pasetran Ganda Mayid, iya ing Krendhawana,
sang Pandya Bathari Durga. Sinartan wijiling ganda amis, bacin, banger, badheg,
marus lir asarah wangke.
“Eeeee,
lha dalah, hihihihiahahahaha... Tobil-tobil anak kadhal...! Kulup wayah ulun,
ngger, kaki Jaka Lola. Ulun waspaosake jeneng kita teteki brata, maladi ning,
paran baya kang dadya darunaning kayun, kaki? Aja dadi kageting atinira, ulun
kang prapta sapandherek ulun.”
“Dhuh
pukulun Pandya Bathari Durga, jimat sesembahan mami. Ingkang wayah kula,
ngaturaken panakrami konjuk ing ngarsa paduka pukulun. Kirang pana punapa, dhuh
pukulun, paduka ingkang sampun pirsa ing mobah-mosiking wayah, kula.”
“Hihihihiahahahaha...
Tobat, tobat, iya, iya kulup kaki Jaka Lola. Anggonira nyiksa dhiri ulun
umpakake mung muspra tan piguna, kaki. Panjangkanira nedya nggayuh pulunge
karaton mung ngayawara, tangeh kelakone, bebasan cebol nggayuh lintang. Wis,
wis, mandhega ya ngger. Eman-eman sayah kita, kulup...!”
“Dhuh
pukulun Pandya Bathari Durga, menawi kepareng ingkang wayah, kula, nyuwun
pirsa, ngengingi anggen kula nedya macung minangka ratu ing nagari punika,
pukulun. Punapa saged kalampahan, dhuh pukulun? Menawi boten saged, lajeng
saking sabab punapa, ing kamangka wayah paduka, kula, sampun cucul waragad
mayuta-yuta kinarya damel ‘pencitraan’, dhuh pukulun.”
“We
lha dalah, hihihiahahahaha... Wruhanira kaki Jaka! Jeneng kita sanyatane dede
trah awirya, wijining atapa, punapa dene tedhaking kusuma. Jeneng kita mung
tedhake wong ceplik pidak pedarakan. Kita tan bangkit kadrajatan wahyu karaton.
Kita tan bakal kawawa kadunungan pulung ratu, ya ngger. Tur ya ra pantes, upama
iya, lha ming kowe, kok dadi ratu. Mendah kepriye aloke jagad.”
“Dhuh
pukulun, pramila saking punika, kula nyuwun rawuhipun ibu bathari, supados
kersaa sabiyantu anggen kula nedya macung lurahipun kawula sadarum, pukulun.
Kula nyuwun bebantu, jimat kemat, tutur, wuwur, miwah sembur, mugi-mugi pulung
karaton saged manjing jiwangga wayah paduka, kula pun Jaka.”
“Hihihihiahahahaha,
kuthuk marani sunduk...! Anggon ulun sabiyantu, yektine tan ‘gratis’ lho
ngger...! Jeneng kita kaki Jaka Lola, kudu caos tandha pangabekti, cilike
sesaji, gedhene tawur agung, saben wektu tinamtu marang ulun, minangka cihna
panungkul kita kaki. Wis, titenana ya ngger, pulung karaton mesthi bakal katrem
ing kita, lamun ulun kang nunggoni!”
“Inggih
pukulun, kula sagah. Kula nedya caos pangabekti dhateng paduka pukulun, waton
anggen kula jumeneng ratu saged kalampahan, nir ing sakara-kara. Mila dhuh
pukulun, kersaa sajarwa menggah punapa ingkang minangka bebana saking paduka?”
“Iya
kulup, ulun jarwani, mara wigatekna. Ing saben selapan dina sepisan, dina
Jemuwah Kliwon, jeneng kita kaki Jaka Lola kudu caos sesaji pangabekti marang
ulun. Wujude getih ponang jabang bayi umur lawase sepasar, cacah patang puluh
jembangan. Jangkep sak polone, diwadhahi takir cacah patang puluh. Kawruhana ya
ngger, kuwi dudu kanggo ulun, ning dikanggokake pandherek ulun kang bakal
sabiyantu bot repot kita, kaki. Kayata kaki Jarameya, kaki Dhadhungawuk, nini
Kalika, lan liya-liyane. Saguh apa ora?”
“Wadhuh,
badhea kados pundi kula sagah, waton kula saged jumeneng nata ing mriki. Menawi
kapetang, kecalan kawula patang puluh kemawon ing saben ari, kula kinten kawula
ing mriki boten badhe telas. Karang kathah tan kapetang. Punapa sampun,
pukulun?”
“Eh,
ya durung. Isih akeh kang kudu kita caosake marang ulun. Mara dikepara maju,
dakjarwani maneh. Gandheng negara kang bakal kita wengkoni kuwi jembar tebane
kang sarta sugih wulu wetune, mula kang saka iku kulup, ulun nedya minta ujub
rilanira, saprotelune negara iki bakal diwengku dening andhahan ulun. Nini
Kalika kang bakal mengkoni, nanging tan kasumurupan ing akeh. Api-api kita sing
jumeneng nata ya ngger. Saguh?”
“Sagah
pukulun. Karang namung saprotelon, tur kula taksih api-api lamur jumeneng nata.
Boten ngirangi kawibawan anggen kula jumeneng sesembahan ing mriki, pukulun.”
“Bagus!
Sabanjure, sira kaki Jaka Lola kawruhana, lamun ulun darbe abdi kinasih aran
kaki Dhadhungawuk. Kuwi pandherek ulun kang setya tuhu, wit kuna engga saiki.
Kaki Dhadhungawuk iku darbe ingon-ingon wujud maesa danu pancal panggung, cacah
patang puluh. Maesa kuwi rumaten sing becik ngger, kena kinarya srana anggonira
jumeneng nata. Upama maesane ngamuk, duwe pepenginan, kowe kudu nuruti ya
ngger, supaya langgeng anggon kita dadi ratu. Sarta aja nganti kalepyan asung
pangan damen sing becik. Mula mengko kareben kaki Dhadhungawuk sing tuku damen
marang para among kisma. Lamun tukune murah, kowe aja nggiri godha, munggahe
ngaru-biru, ya ngger. Cukup maspadakake, sarta meneng bae. Poma estokake weling
iki kulup.”
“Inggih,
dahat ngestokaken ing sadhawuh paduka pukulun. Lajeng kados pundi?”
“Ulun
uga darbe andhahan kalebu bangsaning yaksa cakil, jenenge Tumenggung Klanthang
Mimis. Iku pandherek ulun kang setya bekti. Poma aja kalepyan uga dadekake
andhahan kita. Kalamun mengko ana sing nggiri godha lan ngganggu gawe, kang
racake saka bangsaning manungsa sipat satriya, poma kowe meneng bae ya ngger.
Wis, kareben ulun kang bakal ngrampungi. Mengko daktlikung satriyane mangsa ora
sambata!”
“Sendika
dhawuh pukulun. Lajeng?”
“Bakune
kita kaki Jaka jumeneng nata. Upama mengko negara iki bakal malik grembyang,
lemah sakilan dipajegi, mlaku sapecak nganggo arta, ngomong sakecap dibingkem,
apa dene dadi larang pangan, larang sandhang, klawan papan, kita ora kena
sambat ya ngger. Kuwi ulun kang ana ing suwalike. Uga aja sambat, kalamun
mbesuk ing sawayah-wayah ulun bakal ngerigake bala lampor kanggo ngosak-asik
katentreman ing prajamu. Kowe aja ngreridhu ya ngger. Ulun uga bakal mundhut
lilanira, saben setaun sepisan bala kajiman Dhandhang Mangore bakal lumarap ing
kedhatonmu. Mung arep tilik kepriye kahananmu. Uga supaya pulung karaton ora
oncad saka anggamu. Mula ulun minta dicaosi sesaji jangkep.”
“Ngestokaken
dhawuh pukulun.”
“Saben
gumanti mangsa, ulun bakal ngerigake wadya lampor kanggo nyendhal mayang
manungsa kang ambeg utama. Ing karang padesan, kutharaja, pucak aldaka, tanapi
ing gisik samudra. Praptane wadya lampor kang bakal makarya, mawi tetumpakan
sindhung riwut, bayu bajra, lindhu, geni mubal, banjir bandhang, segara kocak,
kacilakan, begal, rampog, maling, kecu, lan sajinise. Ulun tan kepengin kalamun
manungsa kang ambeg utama mau, padha semayan ngaru-biru utawa ngreridhu anggon
ulun sabiyantu kalawan kita, kulup.”
“Inggih,
kula sumarah ing purba paduka pukulun.”
“Wis
ya ngger, bakune kita meneng bae, kalamun durung ana dhawuh pangandika ulun
marang kita. Cukupa sira dadi ‘simbule ratu’ bae. Ulun yektine kang bakal
sabiyantu marang kowe kabeh. Lan sing wigati, pungkasan iki, besuk kalamun wis
tekan ing janjimu, kita murud ing kasedan, ulun kang bakal nunggoni. Kita bakal
ulun darbeni, sowan ing Dhandhang Mangore, kita bakal dadi andhahan ulun, tekan
ing puputing jaman, ngger! Hihihihiahahahahahahaha.........! Wis ya ngger,
karia basuki, ulun minta pamit, dakewang-ewangi saka kadohan.”
Lap,
ilang, musna tanpa lari. Kumrosak lir kekayon katerak prahara.
Trontong-trontong bang wetan sumamburat surem. Sang Pratanggapati aling-aling
keluk-keluk kang nggameng ireng. Saya awan tan kadulu endahe srengenge, kepara
blereng kasaput mega. Kidung-kidung suci wus tan kawedharna, pandhita resi
katrem ing pucaking giri. Anggetuni barang kang keduwung. Satriya tama
aling-aling suket teki, ndhodhok kemroyok, ngadeg kemriyek, rinubung buta yaksa
pating janggleng. Tan kawarnaa kang memba manungsa, para wadya kajiman
Dhandhang Mangore lir wong majenun. Katone alus, jebule gragal. Binarung
sambate para kawula kang tan darbe dedosa, pating jlerit karanta-ranta, tangise
nganti mili waspa rah ludira.
“Kang deneng sih siki
apa-apa larang ya? Anu keprimen inyong sih jan ora dhong nemen! Apa enggane
junjungane dhewek ora gelem tandang sih ya kang? Uhuhuhuhuhuhu...!” Kang Gareng
sambat sarta nangis sesenggrukan.
“Ahhhh, dhewek wong
cilik ngerti apa! Penting bisa urip wis begja. Sambat kakehan omong! Aluwung
nyebut maring pangeran, supaya kaya kiye enggal ilang musna sekang bumi Wutah
Getihe inyong karo ko’ padha, ya dhi.” Tumanggape kaki Carub Bawor mrebes mili.
***
Sekaran, 19 Maret 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar