Kidung Margiyuh
|| Tyas
anglangut kataman oneng margiyuh | kapegatan kembang ati | tilase anabet jeru |
rusake mung srana lathi | kang nglepasken tembung lekoh ||
|| Dhuh
wong lindri kang salaga lir jumerut | paran baya karsaneki | upama duka sireku
| kumrangsang njojohken keris | sun jembarke dhadhaning ngong ||
||
Aluwung kapatenana bae aku | timbang ngreridhuni urip | nalangsa anyangga luput
| keduwung anggegetuni | obahing lambe kang bodho ||
|| Bebaguse
mapan sanyata sireku | baya kurang kaduk luwih | angedhepke ing sadarum | anuwuhke
rasa asih | prandene agawe groyok ||
|| Toya
srira apa tan enget maringsun | beksane karaton Jawi | rina wengi atawang luh |
kawine kaluwih-luwih | ngantya pendah lir wong mirong ||
|| Asmanipun
ratu aneng Mahespaut | harjanireng manah mami | marine wong
kangen tuhu | diyane wong nandhang kingkin | saharsa kapanggya
lamon ||
||
Pamujingsun tan kendhat mugi lumintu | marang sira wong asigit | cinaketna ing
rahayu | anggung eling mring wak mami | Daru Lana ingkang awon ||
|| Yen
tan bisa adu muka kang saestu | iya iki ingsun pamit | marang sira wong abagus
| ingkang tuhu mamet ati | ingsun nyuwun aksama ko ||
|| Yen
tan jodho ing dunya ki muga besuk | lamun timbal urip malih | ingsun bakal bisa
mengku | wong amanis kang sayekti | asalin lir swasa tongton ||
|| Kuneng
wau ing Sekaran mangka seksi | dumadining rasa | manungsa sapa kang ngerti |
wit kapurba Maha Nasa ||
|| Kidung
mami ngumandhang ing madya sepi | samun sepi sepah | sinrang maruta amidid |
tulus titi tamat telas ||
Semarang, 15 Oktober 2015
(1 Sura Jimawal 1949 Jawa)
Daru Lelana
***
KETENTUAN
PERUNDANG-UNDANGAN HAK CIPTA
Pemikiran dalam
tulisan ini termasuk ciptaan yang dilindungi berdasarkan Pasal 40, ayat (1),
huruf a, UU Republik Indonesia, No. 28, Tahun 2014 tentang Hak Cipta. Sehingga demi hukum, kegiatan terkait
plagiasi dan/atau sejenisnya yang menyangkut pelanggaran Hak Moral Pencipta
(seperti terdapat pada Pasal 5-7) dan Hak Ekonomi (seperti terdapat pada Pasal
8-11), akan dikenai sanksi pelanggaran. Sebagaimana terdapat pada Bab XVII
tentang Ketentuan Pidana, Pasal 113 ayat (3) & (4) yang menyatakan bahwa :
“...Setiap
Orang yang dengan tanpa hak dan/atau tanpa izin Pencipta atau pemegang Hak
Cipta melakukan pelanggaran hak ekonomi Pencipta sebagaimana dimaksud dalam
Pasal 9 ayat (1) huruf a ‒penerbitan Ciptaan‒, huruf b ‒penggandaan Ciptaan
dalam segala bentuknya‒, huruf e ‒pendistribusian Ciptaan atau salinannya‒,
dan/atau huruf g ‒pengumuman Ciptaan‒ untuk Penggunaan Secara Komersial
dipidana dengan pidana penjara paling lama 4 (empat) tahun dan/ atau pidana
denda paling banyak Rp1.000.000.000,00 (satu miliar rupiah)...”
Dan :
“...Setiap
Orang yang memenuhi unsur sebagaimana dimaksud pada ayat (3) yang dilakukan
dalam bentuk pembajakan, dipidana dengan pidana penjara paling lama 10
(sepuluh) tahun dan/atau pidana denda paling banyak Rp 4.000.000.000,00 (empat
miliar rupiah)...”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar